Rabu, 23 Januari 2013

DHIALEK PEKALONGAN_PART 2



Dhialek Pekalongan
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Dialek Pekalongan kalebu dialek2 Jawa sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa tlatah Jawa Tengah utamane ing Kotamadya/Kab. Pekalongan.
Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan bedo karo daerah pesisir jawa liyane, umpamane Tegal, Weleri/Kendal, Semarang.
Sajarah
Ana ing abad 15-17, wewengkon Pekalongan kalebu daerah praja Mataram . Awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah projo Mataram , para nara praja Mataram ana kang cumondok lan nyawiji ana ing tlatah Pekalongan. Basa lan dhialek kang dipigunaake uga saka basa jawa mataraman . Ananging ana sakteruse jaman basa basa Jawa utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambunganing liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semono mau wis ora dianggo maneh ono ing dialek Pekalongan jaman saiki. Conto ukara basa baku Pekalongan sak wise ana rubeda karo basa jawa mataram ,jaman biyen kang dadi dhialek tembang dolanan ;
§  Gamplong-gamplong.ing lesunge madungaken bojo inyong .
§  sak klentungan maling,galing tontak gatik2 wono.bayem selira ,bluluk setono,tete blendung2 kemanten anyar ..jentik saba mbatik..
Uga ukara2 ana ing tetembangan dolanan "sintren"tarian khas pekalongan bisa dadi conto :
§  Sulasih sulandana.widodari tumuruna ..lan sakteruse.
dhialek ana ing duwur mau wis arang dienggo ing jaman saiki..
Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwe pakaryan dadi Juragan Batik, tenun lan Tekstil lan tansah migunakke dialek kang biso dimangerteni dening piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau.
Dialek Antara
Ujud dialek Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wetan) lan daerah Peg. Kendeng ( sisih kidul). kalebu basa sing "sederhana" nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.
Mulo kanggone para piyayi Jogya/solo dialek kalebu kasar lan angel dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dialek kang padha derajate nanging angel dimangerteni bebasan sinigar padha rupane jiniwit bedha rasane.lamun wayang iku wujude Kresna lan Harjuna.
Dialek Tegal akeh nganggo istilah : Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,.. kanthi diucapake medhok . semono ugo dialek Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi medhok ( "datar" ing pangucap).Tegese ana ing dialek Pekalongan kosakata mau dipigunaake lan padha tegese.
Bedha liyane
Contone nganggo pangucap :"Si","Pak","nyong", "Ra","Po'o","Ha'ah pok", "lha", "Ye". anane "kosakata":
§  "Kokuwe" tegese "Koyokuwe",
§  "Tak nDangka'i" tegese "tak kiro".
§  "Jebhul no'o" tegese "jebhul".
§  "lha mbuh" tegese " yo embuh",
§  "Ora dermoho" tegese "ora sengaja".
§  "Wegah ah" tegese "moh".
§  "Nghang priye" tegese "kepiye",
§  "Di Bya bae ra" tegese " diadepi wae",
lan sish akeh liyane ..
conto kalimat
§  "Lha kowe pak ring ndi si ??.." ( kowe arep menyang endi ??).
§  "Yo wis kokuwe Po'o ra". ( Yo wis ngono yo ora opo-opo).
§  "tak ndangka'i lanang jebulno'o wadhok" ( tak kiro lanang jebhul wedhok).Tiba-e ( jebhul )
ana conto meneh bab dhialek kang kalebu kasar ing pangucap lan tegese , nanging kanggone kekancan marakke akrab , kosakata iki aja di ucapake marang sapa wae kang durung srawung kanthi akrab, bisa marakke nesu kanggone liyan. conto ;
§  karang Rai-mu !! ( dasar kowe !! )
§  pancen Kakek-ane ( edan tenan !! )
§  strombak-ane ( dasar turunan syetan !!)
§  alaah .. mBelgedhes ( ora bisa dipercaya !! )
§  Cemet kowe ( Kowe kaya celeng mencret)
§  lhogok ( meh pada karo strombak-ane ), kabeh mau diucapake ora kanthi nesu nanging guyon.
Uga bisa dienggo rikala piyayi mau lagi lan dadi nesune.
ana meneh kosakata kang uga kalebu saru anggone liyan , umpama ;
§  mlosdrong ( kathoke mlorot nganti katon "manuke" )
§  methothok ( anggone ndodhok nganti katon "menthuk" )
§  ngadeng ( "manuke" tangi )
kang dadi sifat ;
§  ploslong ( katon nggleger lan dowo )
§  jhemethut ( krasa "kenyal" olehe jiniwit )
§  mlughet ( kentel banget lan nyawiji ).
§  semlenget ( krasa anget lan panas ).
§  mbhis-mbhis ( lara napas & unjal ambegan ).
§  dengkek ( awake ora kuwawa ngangkat ).
§  ora teyeng ( ora bisa nglakoni )
§  mbengkerok ( dadi intip ).
§  ngranapi ( melu ngarakke ananing kedadeyan )
§  adu lengen ( gelut )
§  ngiyobok ( mripate lara akeh banyune )
Bab liyane  ;
§  mbesturekke  : ngiring panganten .
§  jare basan  : paribasan-e.
§  juada pasar  : jajan pasar.
§  kolang-kolang: kalen cilik.
§  wangan  : saluran banyu tertier.
§  sier-sier  : bendungan tertier.
§  posis  : pos polisi.
§  langgar  : musholla
§  klebet  : sing njaga garis , sepak bola
§  liprit  : sing dadi wasit , sepak bola
§  Gili  : dalan.
§  inggeg  : nglangi kanthi mlumah.
§  Keceklek  : kecethit.
§  mrekanang  : mbrabak mranang.
§  kepengkok  ; tiba mlumah.
liyane kang kalebu medheni,biasane kanggo medhéni bocah kang nakal , umpama  ;
§  ana candi'olo ( memedi ana ing wektu sandi kala / magrib )
§  kena wiyangga ( kleleb ing puser ilining kali ).
§  Kaki sonto ( memedhi kang gedhe duwur ).
§  Den ayu lanjar ( Ratu jin kang duwé wewengkon ing laut lor )
§  Ketemper ( kesurupan ).
§  Kuntianak ( kuntilanak )
§  Kena oyot mimang ( muter2 ing dalan ora bisa mulih ).
§  Kena siwer ( kena guna-guna ).
Tembung Serapan
Cedak budayane wong Pekalongan karo budaya Arab lan Cina nambahi kosakata lan dialek ing Pekalongan, umpamane :
soko konco2 Arab
Ukara kang di ucapake kanca-kanca arab kang wing nyawiji ing pekalongan nganggo basa jawa ,
§  Wallahi temenan Po'o nyong ra ngapusi,yakin .. ( Demi Allah aku ora ngapusi,yakin tenan )
§  Ya Allah ..ke ra mosok ra percoyo si ( Ya Allah , kok nggak percaya amat sih ) -- arab.
§  Ya Allah lha kae ra , dikandani angel kae .. ( Yaa Allah .. diwenehi ngerti kok angel to yo ).
§  Lha kae kharim mu sing anyar pok ? ( lha kae bojomu sing anyar ?).
§  Yo ojo ra , mending ya'kul ndisik ( yo aja to , sampeyan dhahar disik wae..)
§  lha yo ,kae pancen sobirin bocah bahlul , bakhil , pk dikapakke maneh ??
( Lha Ya pancene sobirin kuwi bahlul/edan ,bakhil/medhit njur arep diapakke ?? )
Soko konco2 Pecinan
§  lhe guwe Bah cilik Congkle ( dewekne anak-e Cong Lee ).--Cina.
Biasa-ne para keturunan cina biasane uga dicampu nganggo basa Indonesia, umpamane :
§  Lha tadi sudah tak "bilangke" tapi "ndak ngerti" yo wis ...( Mau wis tak kandhakke marang dewekne nanging ora ngerti yo wis ..)
§  mBok "diambilke" ( tulong jupokna)
§  Lha Harga belon dapet dari sanane - o
§  Tadi ne ndak bisa , nanti tak ambilke po'o sii..
Sekitar Pekalongan
Ing nduwur Iku kabeh dialek ana ing njero kutha Pekalongan. Rada minggir soko tlatah kutha, ana beda-ne sithik ..anggone pangucap. Akeh huruf vokal/konsonan kang diucapake kanthi medhok..kanthi tambahan. "huruf h ing pangucap". umpama : tembung
§  "banyu" diucapake "benhyu".
§  "Iwan" diucapake "i-whan".
§  "bali"/mulih diucapke "bhelhi".
§  "Brahim" /Ibrahim diucapake "Brehiim"
conto : Wis ho , nyong pak bhelhi ndikik ( Wis yoo, aku arep mulih disik ).
Ujud dialek ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang ( ing sisih wetan),Pemalang/Wiradesa(ing Sisih Kulon),Bandar/Kajen (ing sisih kidul) .. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro ..
Dhialek Pekalongan iki bakal maju kaering maju lan sampurnaning jaman lan teknologi. Akah -e para manca kang cumondok ana ing pekalongan, anane media lan televisi. Para muda lan para alim ulama uga umara uga para sarjana Pekalongan kang uga sesrawungane wong pekalongan marang liyan bakal ndadeaki dhialek Pekalongan dadi luwih lan endahe . Anane wong Pekalongan kang uga lunga lan urip bebrayan ana ing manca nagari , bakal ndadeake dhialek Pekalongan uga melu sumebar ana ing donya iki.
Dhialek Pekalongan kang diwiwiti saka dhialek basa Jawa saka Kasultanan Mataram , nganti saiki lan ing tembe , bakal menehi werna ana ing khasanah Basa Jawa. Dhialek Pekalongan kajaba dadi duwekke wong Pekalongan uga dadi duwekke Wong Jawa ing endi wae .. ing tembe bakal ndirgantara sak inggenging bawana ...
semene disik ... mengko yen ana tambahane ditulis meneh .., nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentarmu berguna bagiku......

Powered By Blogger

Ayo Gabung di Sini !!

Arsip Blog